Rabu, 02 Maret 2016

Lakon e opo lan sopo.......

Lakon lan lelakon urip kuwi macem e akeh,ono yudhistiro,bimo,arjuno,pandu,bismo ,aswotomo,dursosono,sengkuni lan sakliyane ,contone pewayangan ugo ono ing panguripan,luwih luwih ono sing bimo campur duryudono,bismo campur destrorosto,kresno campur wibisono , akeh variabel e...

Gak sekedar kuwi ugo ono sing umar campur utsman,abu jahal campur zaid,ono meneh yudas campur petrus,kabeh kuwi yo ono maqom e dewe-dewe....

ngelmu nganti laku kuwi paribasan e ,nggoleki i ngelmu ojo pilih pilih ,pilih madzhab siji tok,pilih NU atau Muhammadiyah tok,milih buddha tok contone,kuwi artine isih durung bijak,wong Rasululloh jelas-jelas ngendiko nggolek ilmu nganti negri cino,utowo nek wong Jowo bang-bang wetan.Nang kabeh wae ono ilmune dadi ojo pilih pilih tetep ngandhap asor lan tepo sliro...

Nggoleki sejarahe sampe bener kuwi angel,mergi isih terkotak kotak pikirane,isih cenderung nang sak kelompok,sak organisasi utowo sak partai.ojo gampang nyalahno kabeh dirangkul gawe nggoleki hikmah e.. 

Jaman saiki akeh sing lali hakikat e dewe dewe,kerjo saiki dibatasi tekan ijasah durung mesti sing duwe ijasah iku pantes ,akeh sing ora sekolah tapi sukses keluarga lan nyambut gawene,sing ala durung mesti ala iso ae iku dadi sing apik kanggomu...

Sinaunono lan golekono ndek ndi awak e dewe dilairno,dek endi gedhe ne lan sakpiturute,budoyo lan peradaban e dewe dewe digoleki, nek wes ditakdirno dadi pitik g usah kepingin mumbul dadi manuk,nek dadi manuk kenari mangan winih-winihan g usah ngimpi dadi manuk rojowali mangan daging..

mugo iso dadi tambahan bahan sinau...lan tulisan iki nggih durung mesti bener ..tapi nggih isih ono kemungkinan bener :)

  
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar